Flash Vortex

Mini Map

free counters

Kamis, 05 April 2012

Bathara Bayu duwe siswa pitu ing arcapada


Bathara Bayu kang uga kondhang sinebut Sanghyang Pawana iku putrane Sanghyang Manikmaya utawa Bathara Guru lan Dewi Umayi kang nomer papat.

Tembung pawana ateges angin, dene tembung bayu ateges kekuwatan utawa angin. Bathara Bayu dumunung ing kayangan Panglawung. Sisihane asma Dewi Sumi, putrane Bathara Soma.
Bathara Bayu lan Dewi Sumi miturut andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, peputra Bathara Sumarma, Bathara Sangkara, Bathara Sadarma lan Bathara Bismakara. Prabu Drupada raja nagara Pancala lan Resi Drona turun temurun mujudake keturunane Sanghyang Bayu.
Saliyane putra cacah papat asil palakrama kalawan Dewi Sumi, Bathara Bayu uga duwe siswa cacah pitu kang wus dianggep kaya putrane dhewe. Siswa pitu iku kondhang sinebut Bayu Pitu.
Miturut andharan ing buku Bunga Rampai Wayang Purwa Beserta Penjelasannya, anggitane Bondhan Hargana SW lan Muh Pamungkas Prasetyo Bayu Aji, weton Cendrawasih, siswane Bathara Bayu kang cacah pitu iku yaiku Gajah Setubanda, Macan Palguna, Naga Kanetra, raseksa Bismuka, Gunung Maenaka lan Garuda Kagapati.
Naga Kanetra njilma marang Arya Bima utawa Werkudara, raseksa Bismuka njilma marang Ditya Jajagwreka lan Garuda Kagapati njilma marang Anoman.
Ing jagad pedhalangan kang kondhang mung Bayu Lima, yaiku Bayu Kinara (Anoman), Bayu Anras (Ditya Jajagwreka), Bayu Kanetra (Gajah Setubanda), Bayu Langgeng (Gunung Maenaka) lan Bayu Mangkurat (Arya Werkudara).
Bathara Bayu nate tumurun ing arcapada utawa bumi lan dadi raja ing nagara Medhanggora, jejuluk Sri Maharaja Bhoma. Nalika ngejawantah sepisanan nuhoni prentahe Bathara Nihoya, Sanghyang Bayu sinebut Arya Suksena. Sawise nglenggahi dampar keprabon ing krajan Medhanggora jejuluk Maharaja Bhoma, dene patihe asma Arya Bhana.
Bathara Bayu uga nate antuk jejibahan paring bebana marang Raden Bratasena utawa Werkudara lan Raden Anoman. Nalika iku Werkudara lan Anoman nembe lair utawa ngadhepi lair ing alam donya.
Nalika iku, Dewi Anjani (ibune Anoman) nembe tapa kungkum utawa tapa matirta ing sanjerone tlaga Madirda. Wektu tapane Dewi Anjani mbarengi plesirane Bathara Guru kang nitih lembu Andhini.

Nalika tumeka ing sandhuwure tlaga Madirda, Bathara Guru weruh pupune Dewi Anjani, Wusanane tuwuh greget birahine Bathara Guru kang ndadekake tibane kamane Bathara Guru ing sandhuwure godhong kamal utawa godhong asem.
Godhong asem kang ketiban kamane Bathara Guru iku keli lan dijupuk dening Dewi Anjani kang tapa matirta ing tlaga iku. Dening Dewi Anjani, godhong asem iku dipangan nganti entek.
Kedadeyan iku ndadekake Dewi Anjani nggarbini. Resi Gotama kang dumunung ing pertapan Grestina kaget banget weruh kahanane Dewi Anjani kang dumadakan ngandhut jabang bayi iku, kamangka durung tau sesambungan kalawan priya ngendi wae.
Resi Gotama kang bingung banget iku wusanane ditemoni dening Sanghyang Bayu lan njlentrehake larah-larahe sang Dewi Anjani dumadakan ngandhut jabang bayi. Bathara Bayu ngucap janji bakal nggulawentah putrane Anjani yen wus lair lan bakal paring busana kadewatan marang bayi putrane Anjani iku.
Sawise Dewi Anjani nglairake bayi kang awujud wanara putih, bayi iku banjur digendhong lan digulawentah dening Sanghyang Bayu. Bayi iku banjur diparingi jeneng Maruti, tegese putra siswane Bayu. Dene Bathara Guru paring jeneng Anoman.
Dene mula bukane Bima putrane Kunthi dadi putra siswane Hyang Bayu kawiwitan nalika Dewi Kunthi, prameswarine Prabu Pandudewanata nglairake bayi bungkus kang sabanjure diguwang ing alas Mandalasara.
Sanghyang Bayu banjur ngirimake busana bayi ing sanjerone bungkus kang arupa pupuk mas rineka jaroting asem, sumping pudhak sinumpet, anting panunggul warih, sangsangan naga banda, kelat bahu balibar manggis, gelang candra kirana, kampuh poleng bang bintulu, paningset cinde bara binelah lan porong dapur nagaraja.
Tekan titiwancine bayi Bratasena metu saka bungkuse lumantar polahe gajah aran Dwipangga Sena. Gajah saka alas iku mecah bungkuse bayi lan Raden Bratasena metu ing wujud dewasa. Putrane Pandhu iku banjur diangkat dadi putra siswane Sanghyang Bayu.
Nalika Bima antuk jejibahan ngupadi kayu gung susuhing angin amarga panjaluke Resi Durna, dheweke munggah tekan pucuking gunung Reksamuka lan ketemu kalawan raseksa kembar aran Rukmuka lan Rukmakala.
Raseksa loro iku sejatine Sanghyang Indra lan Sanghyang Bayu kang arep paring benara ali-ali Druendra marang Arya Bima, mesthi wae kanthi sarana paprangan luwih dhisik. Kedadeyan paringang ali-ali Druendra iki dicritakake ing lakon Bratasena Meguru utawa lakon Dewa Ruci riptane Sunan Kalijaga.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar