Flash Vortex

Mini Map

free counters

Kamis, 05 April 2012

Bathara Sambu nate kajibah ngebur samodra susu


Bathara Sambu utawa Sambo iku putra pambarepe Sanghyang Manikmaya, panguwasa Tribuwana, saka garwa sepisanan, Dewi Umayi.

Tembung Sambo tegese ambu utawa ganda, tanggung jawab, cukat trengginas, sinandhi, tangeh lamun, cetha lan tongkat utawa teken. Papan dununge Bathara Sambu ing Kayangan Swelagringging.
Prameswarine Bathara Sambu jenenge Dewi Hastuti, putrane putri Sanghyang Darmastuti, ateges uga putune Sanghyang Tunggal lan Dewi Darmani.
Bathara Sambu peputra cacah papat, yaiku Bathara Sambosa, Bathara Sambawa, Bathara Sambujana lan Bathara Sambodana. Bathara Sambo duwe hak pinuja dening para kang nganut agama Sambo (Hindhu) kanthi paugeran-paugeran kang mligi.
Ing kitab Pustakaraja kayadene kang kapethik ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, dijlentrehake yen Bathara Guru ngutus Bathara Narada supaya ngandharake babagan agama cacah wolu marang Maharaja Kano/Kanwa kang jumeneng nata ing nagara Purwacarita.
Ing wektu iku Bathara Narada nampa katrangan babagan paugeran-paugeran ing agama Syiwa, Sambo, Brahma, Indra, Bayu, Wisnu, Kala lan Durga.
Bathara Sambo nate jumeneng nata ing nagara Mendhangprawa lan jejuluk Sri Maharaja Maldewa. Patihe aran Resi Acrakelasa kang watake jujur lan pinitaya.
Ngebur Samudra
Ing lakon Tirta Amerta, Bathara Sambo dadi paraga baku karana nampa jejibahan saka Bathara Guru supaya mimpin upaya ngebur samodra susu ing Kisranawa.
Miturut andharan ing buku Bunga Rampai Wayang Purwa Beserta Penjelasannya, jilid 1, anggitane Bondhan Harghana SW lan Muh Pamungkas Prasetya Bayu Aji, weton Cendrawasih, nalika ngebur samodra iku Bathara Wisnu dadi landhesan kanthi cara njilma dadi kewan bulus aran Akupa.
Tindhihe Gunung Mandara lan Bathara Basuki kang arupa kewan ula dadi taline. Dene tenagane dipasrahake marang para raseksa kang dipimpin dening Kala Pracinti lan Kala Rau.
Dene lakune ngebur samodra iku dicritakake kaya mangkene. Sirahe Bathara Basuki kang arupa kewan ula dicekel dening para raseksa lan buntute dicekel dening para dewa.
Sala bolongan kang dibur metu mbulan kang dikantheni Dewi Laksmi, omben-omben anggur, jaran putih aran Uceswara, manik kestuba kanggo kalung Bathara Wisnu, bokor putih isi banyu Amerta kang digawa dening Bathari Danwantari, gajah putih aran Herawana kang sabanjure diingu dening Bathara Indra lan sing pungkasan banyu racun calakuta.
Para dewa ora nglegewa yen banyu calakuta iku bisa mateni, lan nalika para dewa ngelak banjur rebutan banyu racun calakuta iku. Wusanane akeh dewa kang mati.
Bathara Guru uga ngombe banyu iku, nanging isih kuwawa mutahake. Kahanan iku ndadekake gulune Bathara Guru dadi werna biru karana racun kang dikandhut banyu calakuta iku. Ing wektu iku Bathara Guru banjur jejuluk Nilakanta.
Nalika Dewi Laksmi metu saka samodra susu lan nggawa bokor putih isi banyu Amerta, banyu iku banjur dadi rebutan ing antarane para raseksa lan dewa. Para raseksa kasil ngrebut banyu Amerta iku.
Bathara Wisnu banjur ngupaya murih bisa ngrebut banyu iku. Kanthi cara malih wujud dadi raseksa wusanane Bathara Wisnu kasil ngrebut tirta Amerta lan bisa kanggo ngusadani para dewa kang keracunan banyu calakuta. Para dewa kang mati uga bisa urip maneh sawise ditetesi tirta Amerta.
Raseksa Kala Rau kang kepengin ngrebut bokor putih isi tirta Amerta banjur memba-memba dadi dewa. Nanging nalika Kala Rau sedya ngombe banyu Amerta iku, Bathara Wisnu kasil manah gulune Kala Rau nganggo Sanjata Cakra. Gulune Kala Rau pedhot saknalika, ananging ora mati.
Gembunge Kala Rau tiba ing bumi dadi lesung. Dene sirahe kang tetep urip pengin males Bathara Surya lan Bathara Wisnu. Nalika Kala Rau kasil minangkani sumpahe bakal males marang para dewa iku, dumadi kedadeyan grahana.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar